Kala-kala tulisan iki yo nggango bahasa jawa. Ora ateges nglirwakake bahasa Indonesia minangka bahasa Nasional. Mung kok rasane kepengin wae nulis nggango basa Jawa sawise 2 dina kepungkur weruh story Whatsapp Rama Wahyudi kalian Mas Daryono kang nulis ukara “Mangan Sega Ndhog Dadar Tansah Nyamleng”. Aku yo ngerti ana statuse piyantun loro kuwi tindak wonten Kebumen minangka nyengkuyung kegiatan Seminar wonten Vihara kang dirawuhi Bhante Saddanyano. Saka story Whatsapp, piyantun kekalih pinarak wonten Vihara ing Desa Jlegong Kecamatan Selomerto Wonosobo. Ing kana katone sharing damma kalian umat Buddha ing vihara kuwi. Nek ora salah ing story Whatsapp, Romo Wahyudi nulis sing intine nek ora mergo sega ndhog dadar sing nyamleng ora bakal ngedan kaya mangkene. Rasa penasaran alias Keppo saka ukara kuwi, mulane aku yo gage-gage matur kalian Rama Wahyudi. “Sega ndhog dadar niku simbol nopo Romo? Sampun makaping kaping panjenengan nyerat ukara niku. Kadose simbol Dharma gih?”, pitaken kulo ora nganggo pambuka-pambuka kaya dene wis tepung pirang-pirang tahun. Yo mengkono apa sing tak rasakke, durung nate tetepangan kanthi ketemu, ananging ing rasa kaya dene sekeluarga. Iki ya tak rasakke uga nalika kekancan kalian Mas Daryono. Miturut Mas Daryono iki sing jenenge karma. Samubarang kahanan, kuwi ora ana sing jenenge ujug-ujug, mak bedunduk. Kabeh kuwi jalaran saka taline karma. Mbok menawa ana ing kelahiran sing kepungkur aku wis nate dadi saji, mbok menawa wis kekancan sing rumaket. “He-he, punika rak sanepan Mas Diyarko”, ngendikane Rama Wahyudi. “Rumiyen nathe angsal piwulang saking guru, bilih ampun ngendelaken lan nunjukaken bab intelektual (kecerdasan) kagem liyan. Hananging langkung sae bilih ngendelaken kecerdasan jenaka”, ngendikane Rama Wahyudi saya gamblang. “Leluhur Nusantara menika pancen sugih sanepa, makna simbolik. Ngantos wonten relief Candi kemawon nggadhahi simbol-simbol ingkang ngemu ajaran ingkang jeru”, wangsulan kulo.
Let pirang menit sabanjure ana tulisan sing dikirim Romo Wahyudi. Tulisan kuwi tak sawang kaya dene puisi utawa geguritan.
Pintere den alingi,
Bodhone dinakok ngayun,
Amrihe mung golek semseming liyan
Sabanjure Romo Wahyudi ngendikan mawi tulisan sing dikirim ana ing Whatsapp. “Kepintarannya ditutupi, di depan (dalam sesrawungan) menampilkan sok bloon, tujuannya hanya ingin membuat orang lain bahagia”. Geguritan kuwi pancen ngemu ilmu luhur sanget niki. Kados ilmu pari, saya mentes saya ndhingkluk. Ilmu iku pancen DNA wong Jawa. Kepinteran kuwi ya pancen ojo diketok-ketokke, amargi sak apik-apike ilmu, tetep wae ana sing bakal nyacat. Nanging apa ing alam Industri 4.0 iki, kapinteran tetep den alingi? Pitakonan sing perlu dipikir maneh, dirasakake kanthi ing pamawas lan meneping pikir.